Jumat, 27 Juni 2025

 Cerita Viksi : Donyaning Lelembut

R E U N I

(kaanggit dening : Lekik Wardoyo)

 Udakara rong taunan sadurunge mlebu mangsa pageblug pandhemi nemoni kedadeyan aneh nyalawadi. Nalika kuwi netepi janji nekani uleman kanca kenthel sing biyen nate nunggal pakaryan. Aku pancen diwanti-wanti kudu bisa teka melu ngestreni pahargyan anggone duwe gawe mantu mapan ing tlatah Kabupaten Sukoharjo. Tekaku nyata pancen ndadekake bungahe kancaku lan aku dijaluk kudu nginep dhisik ora kena kesusu bali. Sarehne kanca raket sing wis kaya sedulur dhewe mula aku ya mung manut wae.

Sing gawe kaget ing pahargyan mau ora ngira ora ngimpi kedadak ketemu kanca putri jaman isih ana SMA biyen. Jenenge Raraswara Utami sing wiwit lulus sekolah biyen nganti patang puluhan taun babar pisan ora nate ketemu uga ora nate sesambungan. Ewa semono bareng ketemu wis padha lalu yuswane nyatane babar pisan padha ora panglinge. Saeba bungahe ati sapatemon kuwi jalaran biyen sakloron nate sesambungan ati ngrajut bolah katresnan. Sanadyan ta wektu kuwi kanca-kanca ora ana sing ngerti. Dene kenapa nganti pepisahan suwe lawase jalaran wektu kuwi sawise lulus SMA luwih dhisik isih pengin mbacutake nggayuh cita-citane dhewe-dhewe. Banjur pedhot sesambungan kelangan lacak senadyan padha-padha tansah nyimpen rasa katresnan.

Ing satengahe pasamuan aku banjur ngajak Raras metu nyisih golek papan panggonan sing trep kanggo ngobrol sakloron ngiras nambani rasa kangen. Sakloron banjur padha nyaritakake lelakone dhewe-dhewe sawise pepisahan biyen. Ya kuwi sarehne biyen tau sesambungan tresnaning ati, sapatemon mau jan krasa seje banget rasane ora kaya mung salumrahe ketemu kanca lawas. Apa maneh Raras ngandhakake yen saiki wis urip ijen, putrane wis pada mentas wis mapan kabeh. Ya mung dheweke pesen yen sapatemon kuwi ora usah dikandhakake marang sapa-sapa.

Sawise cukup anggonku ngobrol karo Raras nyaritakake lelakone dhewe-dhewe, kedadak dheweke njaluk diterake bali pisan ngampirake menyang omahe. Raras kandha omahe cedhak ora perlu numpak kendharaan cukup mlaku wae lon-lonan. Rindhik asu digitik ya mesthi wae tak pinangkani apa sing dadi panjaluke. Sakloron banjur mlaku lon-lonan Raras nggandheng nyekeli lengenku. Wah rumangsaku aku dadi malih mudha tumaruna maneh kelingan taun 1970an jaman isih SMA biyen. Swasana padesan ing wanci sore kuwi rumangsaku katon banget asri nengsemake.

Satekane omahe sing senajan ora gedhe nanging banget asri tur adhem akeh wit-witan ngrembuyung. Pethetan kembang sing tumata ing plataran mbabar ganda amrik wangi. Banjur lungguhan jejer ana emper, angine ngidit semilir ngimbuhi sengseme ati.

"Mas tak gawekne unjukan dhisik ya!", mengkono kandhane Raras.

"Wis rausah repot-repot, lungguhan kene wae mbacutake ngobrol...!", wangsulanku karo nyawang Raras sing rumangsaku senadyan wis keladuk yuswa nanging ora luntur kasulistyane.

"Mas njenengan mengko ora usah kondur, sare kene wae ya!", kandhane Raras mbuyarake anggonku ngalamun sedhela.

Gragap kemesar ati krungu kandhane mau. Batinku: "Wadhuh reeek.. gek kepriye iki?. Yen tak iyani ya mesthi wae ora becik, ora prayoga, ora kepenak disawang tangga".

Mula aku ya banjur prasajan wae apa anane yen aku ngiyani iku banget ora prayoga. Kejaba iku ya bisa dadi golekan kancaku sing lagi duwe gawe mau. Raras bisa nampa apa sing dadi kandhaku. Sejatine aku ya rada sangga-runggi, dheweke iki urip ijen neng omah sing cedhak sawah sapinggire kali.

Sabanjure crita bab reuni sekolah sing keri-keri iki lagi ngetrend.

"Aku mindher Mas yen ketemu kanca-kanca liyane, aku rak mung ijen apa maneh ora ana barenganku...", kandhane Raras.

"Aku dhewe ya durung nate nekani reuni kanca-kanca SMA kok, Ras. Hla piye... mengko yen ana reunian teka bareng aku apa piye?", kandhaku.

"Jane ya kepengin, Mas. Nanging kepriye maneh rasane kok ora mungkin ya. Ya wis mengko yen ana reunian kanca-kanca njenengan tindak wae, salamku kanggo kanca kabeh lan aku nyuwun pandongane wae. Nanging aku wis ngrasa bungah banget kok Mas bisa reuni karo njenengan neng kene iki", mengkono kandhane Raras.

Ora suwe aku pamit senadyan rada abot rasane ati ninggal dheweke. Tangane tak salami kok krasa anyep. "Sliramu gerah ya, Ras?", pitakonku.

"Ora kok Mas, ya wis ngene iki saben nyedhaki wayah surup krasa anyep. Ning ora apa-apa kok, ngene iki wis biyasa aku sehat-sehat wae", mengkono wangsulane Raras.

"Ya wis yen ngono aku nyuwun pamit ya...", ngambali anggonku njaluk pamit.

"Iya Mas mangga ndherekake sugeng tindak. Ya mung yen ana wektu lodhang tindak mrene maneh ya, aku nyuwun pandongane...!", mengkono panjaluke Raras.

Minangkani panjaluke kancaku sing mantu, aku nginep sewengi. Rebut cukup aku banjur nyuwun pamit. Sawise neng omah aku banjur crita neng grup WA kanca SMA saangkatan sing pancen ya durung suwe aku melu GWA mau. Aku kandha yen mentas wae ketemu Raras neng Sukoharjo. Ora nyangka ora ngira hla kok akeh sing padha "mbully" aku, jarene aku kumat gendhenge. Aku mung meneng wae ora nanggepi, tak pikir pancen senadyan wis padha tuweke isih seneng guyon kanggo ndawakna umur. Sawijining wektu ana acara reuni alumni SMA saangkatan. Ya ing wektu kuwi aku sepisanan nekani acara reunian. Neng kono aku ngambali crita yen aku mentas ketemu karo Raras neng Sukoharjo. Wee... hladalah tenan aku dadi gojlogan kanca-kanca. Ana sing ngarani aku nglindur, ana sing ngarani kumat, ana sing ngarani kesambet, ana uga sing ngarani aku gendheng. Aku ndomblong dadi bingung dhewe. Banjur ana salah sijine kanca sing ngandhani aku: "Ngene hlo, Mas... wong nggantheng sing dhekik pipine. Raras ngono wis tilar donya limang taun kepungkur".

"Haaahhh.....!!!!. Lha terus?", aku kaget banget krungu kandhane kanca mau. Mula aku dadi kaya wong bodho plonga-plongo karo tolah-toleh menga-mengo.

"Dikandhani kok malah hah heh hah heh, kaya wong pekok...!", kandhane salah sijine kanca.

Neng kono aku banjur nggenahke critaku sing nyata tak alami. Karo rada mangkel aku kandha: "Ngene lho ya... kanca-kancaku sing kocluk kabeh, aku iki ora guyon, aku ketemu Raras tenan malah aku diajak mampir neng omahe...".

Kanca-kanca ya mesthi wae ora padha percaya kandhaku wong nyatane jare kanca-kanca kabeh Raras pancen wis tilar donya. Pungkasane aku mung bisa lenger-lenger nggagas kedadeyan sing tak lakoni.

Sawise aku bali saka acara reunian, neng omah banjur kelingan kancaku sing tak tekani wektu duwe gawe. Aku tilpun dheweke takon nggenahake apa tepung sing jenenge Raraswara Utami sing wektu kuwi uga nekani pahargyan anggone duwe gawe mantu. Kancaku kandha yen pancen tepung, nanging ya dadi kaget lan gumune yen teka ing pahargyan anggone duwe gawe. Dheweke uga ngandhakake yen Raraswara kuwi mono wis tilar donya kira-kira limang taunan kepungkur. Tambah sansaya thenger-thenger bingung anggonku ngrasakna kedadeyan sing tak alami kepungkur iki.

Sawijine dina ana kalodhangan tanpa ngabari kancaku Sukoharjo, tak perlokake nitik laku nglacak dalan rikala ketemu Raras. Bener kaya sing tak elingi anggonku nitik dalan tekan papan omahe Raras sing cedhak sawah sapinggire kali. Saeba kagetku jebul papan kuwi sawijine Tempat Pemakaman Umun Desa kono. Niat tak goleki pisan pasareyane Raras, ndilalah ketemu. Kanthi madhep manteb aku ndedonga kanggo dheweke muga dingapura kabeh dosane ditampa amal ibadahe, pikantuk husnul khotimah, pinaringan papan ing swarga jatining Gusti Kang Murbeng Dumadi. Sawise kuwi ing sawijining wengi aku ngimpi ketemu dheweke panganggone sarwa putih, dheweke ora kumecap ngomong apa-apa kejaba ya mung mesem lan tangane diangkat kaya-kaya njaluk pamit lan ngaturake panuwun.

Wis cunthel, drijiku wis kesel...