Jumat, 27 Juni 2025

Cerita Viksi : Donyaning Lelembut

DHEMIT TAPEL WATES DESA

Kaanggit dening : Bagus D.Wiranegara  

Lik Jo... mengkono asmane Lik Darjo biasa kasebut. Lik Jo pancen wis kawentar ana sak indenging desa. Malah kepara kawentar ora mung sak desa, nanging uga ana desa-desa liya sak Kawedanan. Lik Jo kalebu wong pinter. Akeh priyayi saka manca desa kang nyuwun srana pengobatan marang Lik Jo. Malah ana wong kang njaluk tulung marang Lik Jo supaya ngilangi dhemit (jin, setan, peri, lan sapanunggalane) kang manggon ana omahe.

Nalika semana Lik Jo wis meh sesasi ora ning ndalem. Jare Jarno, putrane sing isih SD kelas 4, Lik Jo tindak menyang Sumatra tilik adhine kang wis sawetara suwe transmigrasi ana Sumatra. Lik Jo pancen asring tindakan. Kadhang tindake sak pendhak dina, kadhang kala selapan dina. Nanging yen tindak Lik Jo ora nate wara-wara, karo tangga teparo. Sing pirsa mung Lik Darti garwane, lan uga putra-putrane.


Daleme Lik Jo karo omahku cedhak banget. Adu pojok, mung keletan lurung yaiku dalan kampung sing saben dina rame diliwati bakul-bakul lan warga desa kang arep lunga utawa bali saka pasar. Omahku kalebu paling cedhak karo tapel wates desa kang kondhang wingit. Mula asring ana wong liwat esuk utawa sore, opyak diweruhi wewujudan kang aneh-aneh, terus menggok ning omahku. Praupane pucet karo ambegane megap-megap. Biyasane terus diparingi unjukan banyu putih karo ibu utawa bapak. Sabanjure terus dikongkon crita kareben ilang rasa wedine.

Sawijining dina, kira-kira jam rolas wengi, saka tapel wates desa keprungu suwaraning jaran jerit-jerit kaya keweden. Bapak langsung sigap metu saka ndalem, terus jumeneng ana pinggir lurung sakngarepe omahku. Nggatekake saka ngendi swaraning jaran mau. Ora suwe suwaraning jaran ilang. Sabanjure alon-alon keprungu suara klinthingan dhokar kang mlaku saya cedhak. Dhokar mau mlaku dituntun wong lanang, sing dedeg-piyadege meh pada karo bapak.

:- “Sugeng ndalu pak dhe? Sampun ndalu kok dereng sare”. Keprungu suwarane wong kang nuntun dhokar, sing ora liya yaiku Lik Jo kang nembe kondur seka tindakan adoh.

:- “Ouw dik Darjo. Durung dik, isih lek-lekan nembe rampung nyinaoni ponakanmu”. Ngono ngendikane bapak,

“Lha kok tindakan wae, dhokare ora ditumpaki. Nembe tindak seka ngendi dik Jo?”. Pitakone bapak sabanjure.

:- “Njih pak dhe, punika wau saking stasiun, nitih kreta, wangsul saking Sumatra. Kala wau saking stasiun mboten napa-napa, eee... lha kok wonten sak kidul tapel wates dhusun dipun cegat Kaki Klanthung”. Ngono pangandikane lik Jo.

Sabanjure dhokar dienggokake ning omahku sing ana latare amba. Jarane dikombor ben ngaso karo mangan amrih ilang wedine. Lik Jo ngglethakake barang-barang gawane ning ndaleme, terus mbalik maneh nang omahku. Kusir dhokar kang asma pak Wakino isih ketok wedi lan pucet. Lik Jo karo pak Wakino dipernahake supaya lungguh ana mbale omahku sak pejagong karo bapak. Ibu metu saka ndalem ngasto wedang kopi karo cemilan sak anane. Bapak mirengake lik Jo anggone crita dicegat karo Kaki Klanthung. *Kaki Klanthung iku dhemit sing nunggu tapel wates desaku karo desa liya, awujud Gendruwo kang awake gedhe dhuwur kebak rambut rewa-rewo nggegirisi.* *Dhuwure kira-kira patang meter luwih.* Dadi yen ngadeg, sikil siji ning wetan ndalan lan sijine ning kulon ndalan kaya trowongan. Kaki Klanthung manggon ana wit Popohan sing urip ana sak wetan lurung, sak kidul tapel wates desa.

Lik Jo kang wis kawentar bisa weruh lan bisa omong-omongan karo lelembut, sak banjure crita apa kang dialami nalika arep ngliwati tapel wates desa.

-: “Kala wau nalika dhokar badhe mlebet dhusun, wonten sak kidul tapel wates dhusun, kudanipun jerit-jerit sajak ajrih. Amargi wonten satengahing margi, Kaki Klanthung ngadeg mboten maringi margi”. Ngono pambukaning crita. “Lajeng kula mandhap, nyingkiraken Kaki Klanthung supados mboten medeni kuda lan kusiripun”. Teruse critane lik Jo, marang bapak. Bapak katon nggatekake critane lik Jo kanthi tuhu terwaca.

-: “Lha terus apa Kaki Klanthung ora gelem minggir”. Bapak paring pitakon karo lik Jo.

-: “Lha njih punika wau. Sareng kula mandap lan wawan rembag supados mboten damel ajrih kuda kaliyan kusiripun, Kaki Klanthung ingkang suwau mboten purun kesah lajeng minggir wonten sak wetan margi”. Mengkono katrangane lik Jo.

-: “Ouw ya pancen wetan dalan kuwi nang wit Popohan omahe Kaki Klanthung”. Ngono pangandikane bapak.

Ora suwe keprungu suwarane pethongan saka kelurahan mratandhakake yen wis wanci tabuh siji. Sabanjure pak Wakino nyuwun pamit undur arep kondur menyang pangkalan dhokar sak cedhake stasiun. Ananging pak Wakino nyuwun karo lik Jo supaya ngeterake tekan sak kidule tapel wates desa, supaya ora dicegat maneh karo Kaki Klanthung utawa kanca-kancane. Lik Jo terus sigap nuntun jaran lan dhokare, mlaku ngidul ngeterake pak Wakino karo dhokare.

Sabanjure bapak saben-saben crita tansah ngemutake marang aku lan kangmasku, supaya tansah emut lan mangerteni menawa urip ana ngalam donya iku ora dhewe. Ana wewujudan liya kang asipat gho’ib. Ora saben manungsa bisa weruh, mung siji loro kang diparingi daya linuwih bisa ngawuningani. Nanging kita minangka menungsa lumrah, kudu ngerti lan kudu tansah bisa urip bebarengan sarta asung pakurmatan.

Wis ya, critaku cukup semene dhisik. Sesuk tak sambung crita liya...

Matur nuwun...

BAGUS D.WIRANEGARA