Cerita Viksi : Donyaning Lelembut
R E U N
I
(kaanggit dening
: Lekik Wardoyo)
Sing gawe
kaget ing pahargyan mau ora ngira ora ngimpi kedadak ketemu kanca putri jaman
isih ana SMA biyen. Jenenge Raraswara Utami sing wiwit lulus sekolah biyen
nganti patang puluhan taun babar pisan ora nate ketemu uga ora nate
sesambungan. Ewa semono bareng ketemu wis padha lalu yuswane nyatane babar
pisan padha ora panglinge. Saeba bungahe ati sapatemon kuwi jalaran biyen
sakloron nate sesambungan ati ngrajut bolah katresnan. Sanadyan ta wektu kuwi
kanca-kanca ora ana sing ngerti. Dene kenapa nganti pepisahan suwe lawase
jalaran wektu kuwi sawise lulus SMA luwih dhisik isih pengin mbacutake nggayuh
cita-citane dhewe-dhewe. Banjur pedhot sesambungan kelangan lacak senadyan
padha-padha tansah nyimpen rasa katresnan.
Ing
satengahe pasamuan aku banjur ngajak Raras metu nyisih golek papan panggonan
sing trep kanggo ngobrol sakloron ngiras nambani rasa kangen. Sakloron banjur
padha nyaritakake lelakone dhewe-dhewe sawise pepisahan biyen. Ya kuwi sarehne
biyen tau sesambungan tresnaning ati, sapatemon mau jan krasa seje banget
rasane ora kaya mung salumrahe ketemu kanca lawas. Apa maneh Raras ngandhakake
yen saiki wis urip ijen, putrane wis pada mentas wis mapan kabeh. Ya mung
dheweke pesen yen sapatemon kuwi ora usah dikandhakake marang sapa-sapa.
Sawise cukup
anggonku ngobrol karo Raras nyaritakake lelakone dhewe-dhewe, kedadak dheweke
njaluk diterake bali pisan ngampirake menyang omahe. Raras kandha omahe cedhak
ora perlu numpak kendharaan cukup mlaku wae lon-lonan. Rindhik asu digitik ya
mesthi wae tak pinangkani apa sing dadi panjaluke. Sakloron banjur mlaku
lon-lonan Raras nggandheng nyekeli lengenku. Wah rumangsaku aku dadi malih
mudha tumaruna maneh kelingan taun 1970an jaman isih SMA biyen. Swasana padesan
ing wanci sore kuwi rumangsaku katon banget asri nengsemake.
Satekane
omahe sing senajan ora gedhe nanging banget asri tur adhem akeh wit-witan
ngrembuyung. Pethetan kembang sing tumata ing plataran mbabar ganda amrik
wangi. Banjur lungguhan jejer ana emper, angine ngidit semilir ngimbuhi
sengseme ati.
"Mas
tak gawekne unjukan dhisik ya!", mengkono kandhane Raras.
"Wis
rausah repot-repot, lungguhan kene wae mbacutake ngobrol...!", wangsulanku
karo nyawang Raras sing rumangsaku senadyan wis keladuk yuswa nanging ora
luntur kasulistyane.
"Mas
njenengan mengko ora usah kondur, sare kene wae ya!", kandhane Raras
mbuyarake anggonku ngalamun sedhela.
Gragap
kemesar ati krungu kandhane mau. Batinku: "Wadhuh reeek.. gek kepriye
iki?. Yen tak iyani ya mesthi wae ora becik, ora prayoga, ora kepenak disawang
tangga".
Mula aku
ya banjur prasajan wae apa anane yen aku ngiyani iku banget ora prayoga. Kejaba
iku ya bisa dadi golekan kancaku sing lagi duwe gawe mau. Raras bisa nampa apa
sing dadi kandhaku. Sejatine aku ya rada sangga-runggi, dheweke iki urip ijen
neng omah sing cedhak sawah sapinggire kali.
Sabanjure
crita bab reuni sekolah sing keri-keri iki lagi ngetrend.
"Aku
mindher Mas yen ketemu kanca-kanca liyane, aku rak mung ijen apa maneh ora ana
barenganku...", kandhane Raras.
"Aku
dhewe ya durung nate nekani reuni kanca-kanca SMA kok, Ras. Hla piye... mengko
yen ana reunian teka bareng aku apa piye?", kandhaku.
"Jane
ya kepengin, Mas. Nanging kepriye maneh rasane kok ora mungkin ya. Ya wis
mengko yen ana reunian kanca-kanca njenengan tindak wae, salamku kanggo kanca
kabeh lan aku nyuwun pandongane wae. Nanging aku wis ngrasa bungah banget kok
Mas bisa reuni karo njenengan neng kene iki", mengkono kandhane Raras.
Ora suwe
aku pamit senadyan rada abot rasane ati ninggal dheweke. Tangane tak salami kok
krasa anyep. "Sliramu gerah ya, Ras?", pitakonku.
"Ora
kok Mas, ya wis ngene iki saben nyedhaki wayah surup krasa anyep. Ning ora
apa-apa kok, ngene iki wis biyasa aku sehat-sehat wae", mengkono
wangsulane Raras.
"Ya
wis yen ngono aku nyuwun pamit ya...", ngambali anggonku njaluk pamit.
"Iya
Mas mangga ndherekake sugeng tindak. Ya mung yen ana wektu lodhang tindak mrene
maneh ya, aku nyuwun pandongane...!", mengkono panjaluke Raras.
Minangkani
panjaluke kancaku sing mantu, aku nginep sewengi. Rebut cukup aku banjur nyuwun
pamit. Sawise neng omah aku banjur crita neng grup WA kanca SMA saangkatan sing
pancen ya durung suwe aku melu GWA mau. Aku kandha yen mentas wae ketemu Raras
neng Sukoharjo. Ora nyangka ora ngira hla kok akeh sing padha "mbully"
aku, jarene aku kumat gendhenge. Aku mung meneng wae ora nanggepi, tak pikir
pancen senadyan wis padha tuweke isih seneng guyon kanggo ndawakna umur.
Sawijining wektu ana acara reuni alumni SMA saangkatan. Ya ing wektu kuwi aku
sepisanan nekani acara reunian. Neng kono aku ngambali crita yen aku mentas
ketemu karo Raras neng Sukoharjo. Wee... hladalah tenan aku dadi gojlogan
kanca-kanca. Ana sing ngarani aku nglindur, ana sing ngarani kumat, ana sing
ngarani kesambet, ana uga sing ngarani aku gendheng. Aku ndomblong dadi bingung
dhewe. Banjur ana salah sijine kanca sing ngandhani aku: "Ngene hlo, Mas...
wong nggantheng sing dhekik pipine. Raras ngono wis tilar donya limang taun
kepungkur".
"Haaahhh.....!!!!.
Lha terus?", aku kaget banget krungu kandhane kanca mau. Mula aku dadi
kaya wong bodho plonga-plongo karo tolah-toleh menga-mengo.
"Dikandhani
kok malah hah heh hah heh, kaya wong pekok...!", kandhane salah sijine
kanca.
Neng kono
aku banjur nggenahke critaku sing nyata tak alami. Karo rada mangkel aku
kandha: "Ngene lho ya... kanca-kancaku sing kocluk kabeh, aku iki ora
guyon, aku ketemu Raras tenan malah aku diajak mampir neng omahe...".
Kanca-kanca
ya mesthi wae ora padha percaya kandhaku wong nyatane jare kanca-kanca kabeh
Raras pancen wis tilar donya. Pungkasane aku mung bisa lenger-lenger nggagas
kedadeyan sing tak lakoni.
Sawise aku
bali saka acara reunian, neng omah banjur kelingan kancaku sing tak tekani
wektu duwe gawe. Aku tilpun dheweke takon nggenahake apa tepung sing jenenge
Raraswara Utami sing wektu kuwi uga nekani pahargyan anggone duwe gawe mantu.
Kancaku kandha yen pancen tepung, nanging ya dadi kaget lan gumune yen teka ing
pahargyan anggone duwe gawe. Dheweke uga ngandhakake yen Raraswara kuwi mono
wis tilar donya kira-kira limang taunan kepungkur. Tambah sansaya
thenger-thenger bingung anggonku ngrasakna kedadeyan sing tak alami kepungkur
iki.
Sawijine dina ana kalodhangan tanpa ngabari kancaku Sukoharjo, tak perlokake nitik laku nglacak dalan rikala ketemu Raras. Bener kaya sing tak elingi anggonku nitik dalan tekan papan omahe Raras sing cedhak sawah sapinggire kali. Saeba kagetku jebul papan kuwi sawijine Tempat Pemakaman Umun Desa kono. Niat tak goleki pisan pasareyane Raras, ndilalah ketemu. Kanthi madhep manteb aku ndedonga kanggo dheweke muga dingapura kabeh dosane ditampa amal ibadahe, pikantuk husnul khotimah, pinaringan papan ing swarga jatining Gusti Kang Murbeng Dumadi. Sawise kuwi ing sawijining wengi aku ngimpi ketemu dheweke panganggone sarwa putih, dheweke ora kumecap ngomong apa-apa kejaba ya mung mesem lan tangane diangkat kaya-kaya njaluk pamit lan ngaturake panuwun.
Wis cunthel,
drijiku wis kesel...