Minggu, 09 Januari 2011

Tembang Jawa : MACAPAT



TEMBANG MACAPAT

WAWATAKING SEKAR MACAPAT LAN SEKAR TENGAHAN

    Sekar Macapat utawa Tembang Macapat iku nduweni watak dewe-dewe, semono uga Sekar utawa Tembang Tengahan, mula sapa sing arep nembang kudu mangerteni wewataking tembang utawa sekar siji lan sijine. Dene wewataking tembang macapat lan tembang tengahan kaya kasebut ing ngisor iki :

1.      Pocung : Gregeden, kendho, prayoga kanggo crito sak kecekele
2.      Gambuh : Sumanak sumadulur, prayoga kanggo paring pitutur utawa sesorah sing ngemu rasa sereng
3.      Durma : Sereng, Nepsu, cocog kanggo medharake rasa sereng, paprangan, tantangan, padu lan liya sapanunggalane
4.      Pangkur : Sereng, Nepsu, mathuk kanggo pitutur sereng, crita perang, tantangan lan sapanunggalane
5.      Mijil : Prihatin, trenyuh, prayoga kanggo medharake rasa sedhih, trenyuh, suka pitutur ing melas uga mathuk kagem gandrungan
6.      Kinanthi : Seneng, Tresna, Grapyak, Sumanak, prayoga kagem suka pitutur rasa tresna
7.      Sinom : Canthas, ethes, prayoga kanggo gandrungan, suka pitutur prenes, sigrak, asmara, uga kena kagem crita ngemu tantangan
8.      Maskumambang : Prihatin, Trenyuh, Sedhih, prayoga kanggo medharake rasa sedhih lan trenyuh
9.      Dhandhanggula : Ngresepake, luwes, cocog kanggo nggambarake rasa apa wae
10.  Asmarandana : Sedhih, prihatin ing asmara, prayoga kanggo crita asmara lan sedhih
11.  Megatruh : Trenyuh memelas, cocog kanggo swasana susah lan sedhih
12.  Lanthang : Gojag-gajeg, cocog kanggo critan lelucon, dhagelan
13.  Girisa : Gagah, Mawanti-wanti, kena kanggo wulang wuruk lan nggambarake endahing alam
14.  Balabak : Sembrana, Parikena, cocog kanggo lelucon
15.  Wirangrong : Gagah, Mrabu prabowo ageng, prayoga kanggo wulang wuruk, ngrengga endahing alam
16.  Jurudemung : Kenes, ngujiwat, prayoga kanggo crita peprenesan



NYEKAR MACAPAT SING PRAYOGA

       Sak durunge nembang, yoiku nembangake sekar macapat utawa sekar tengahan lan uga tembang-tembang jawa liyane, kudu mangerteni luwih dhisik bab utawa samubarang sing magepokan karo isining tembang. Bab iku penting kanggo para among anom sing lagi sinau tembang, amrih apiking tembang lan suasanane cocog karo sipating tembang, koyoto :

1.      Mangerteni watak-wateking tembang
2.      Mangerteni guru lagu lan guru wilangan
3.      Mangerteni tegesing tembung / sastra
4.      Mangerteni pedhotan lan pernapasan
5.      Mangerteni tembung sing kudu luluh
6.      Mangerteni laguning tembang
7.      Kulina lan atul marang laras lan titilaras
8.      Mangerteni marang kekuatane swarane dewe, supaya ora kaduwuren utawa kacendheken
9.      Mengerteni sepira wiramaning macapat, aja nganti kerikaten utawa kalonen
10.  Mangerteni wirama gendhing, kanggo mbarengi sekar gendhing
11.  Aja kakehan luk, wilet, sing bakal ngurangi boboting tembang macapat
12.  Titilaras macapat padatane sawanda sa titilaras, akeh-akehe loro (rong) titilaras
13.  Lesan utawa kecapan kudu cetha, aja sengol, dhoso lan wijang
14.  Pedhotan lan pernapasan ora kena medhot tembung

Bab-bab liya kang durung katulis ing seratan iki, bisa kawaca ing seratan-seratan liya sing jenise padha karo seratan iki. Matur Nuwun.

Sri Bagus D. WIRANEGARA